Piwulang Kautaman:
Ing samubarang
gawe aja sok wani mesthekake, awit akeh lelakon kang akeh
banget sambekalane sing ora bisa dinuga tumibane. Jer kaya unine pepenget,
"menawa manungsa itu wajib ihtiyar, nanging pepesthene dumunung ing astane
Pangeran Kang Maha Wikan".
Mula ora samesthine yen manungsa iku nyumurupi
bab-bab sing durung kelakon. Saupama nyumurupama, prayoga aja diblakakake wong liya, awit temahane mung bakal
murihake bilahi.

Komentar